PIDATO MENYAMBUT BULAN ROMADHON
السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِدِيْنِ اْلاِسْلاَمِ وَاْلاِيْمَنِ وَجَعَلَ
شَهْرَ رَمَضَانَ وَسْيْلَةً فِى نَيْلِ الْغُفْرَانِ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَفْضَلِ اْلاِنْسَان. وَ عَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الْمُتَمَسِّكِيْنَ
بالْقَرآن.أ مّا بعد
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !
Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji
syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat,
Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.
Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun
limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.
Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken
anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun,
shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih
meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso
wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :
Ingkang artosipun :
“Hei wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso.
Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo
taqwa” (Al-Baqarah : 183).
Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut
kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh
dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.
Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan Ramadhan meniko kito
tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang
nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang
sanes, lan lintu-lintunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso
meniko bahasa arabipun saking kata صَوْمٌ ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih
meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf meniko anggadahei
makna/arti piyambak-piyambak.
Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum (صُمْتٌ) ingkang
artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking
guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.
No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (وَرَعٌ) utawi Wiro’i. Ingkang
maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis
ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho
minggahipun syara’.
No. III (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (مَلَكٌ) ingkang artosipun
ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker
lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.
Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen
kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi
kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon
kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten
duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten
duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَا بًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Ingkang artosipun :
“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko
den ngapuro duso-dusone kang wis
kliwat”
Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun
pangapunten lahir lan batin.
و بالله التو فيق و الهداية
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
PIDATO BAHASA JAWA