Selasa, 25 November 2014

PIDATO HAJATAN YASINAN

Assalamua'alaikum wr wb
Alhamdulillahirobilalamin washolatu wassalamu ala asrofil ambyail warmursalin waala alihi wasobbihi ajmain amabakdu.

wonten ngarsanipun poro sepuh, pini sepuh, poro alim, rencang rencang anem ingkang tansah kawulo hormati.
Monggo sareng-sareng kulo lan pajenengan sedoyo tansah ngaturaken pujo lan puji syukur dumateng Alloh swt, ingkang sampun maringi pinten-pinten, keimanan, kebagaswaran, kemulian, kebagaian soho lintu lintunipun, hinggo kita dinten meniko kito tasih dipun paringi gesang soho kewilujengan, lan waget kempal manunggal wonten dalem puniko, kanti mboten aral setunggal menopo,  Lan kito ikroraken waosan tahmid kulo derekaken...Alhamdulillahirobbil alamin.

Lan ugi mboten kesupen sholawat soho salam kito aturaken dumateng junjungan kito,  nabi kito, lan panutan kito, nggih meniko nabi Agung Muhammad saw, ingkang sampun maringi pinten2 pencerahan ilmu agami islam,  hinggo kito waget manyembah dumateng Alloh swt ngantos ajal semangkeh, .lan mugi mugi kito waget pikantuk safatipun/pertolongan ,  widyunya wal akhiroh, Allohumma amin.

Poro lenggah ingkang tansah kawulo hormati,
wonten mriki kawulo minangkani talang aturipun boso saking ngarso dalaem BP..............sekeluarga, bade matur nggih meniko :
1.Bp...........sekeluarga ngaturaken agungin panuwun ingkang tampo umpami atas rawuh pajenengan sedoyo ingkang sampung kerso nglonggaraken wedal ngrawuhi acara meniko.
2.Bp..........sekeluargo ngaturaken agunging pangapunten  ingkang tanpo upami  mbok mbilih anggenipun ngaturaken palenggahan ingkang kirang nuju prono atas kalenggahan pajenengan sedoyo.
3. Bp.........sekeluargo disamping nggilir yasinan ingkang sampun dados padatan nipum malam..........., nggih bade kagungan hajat bade sodakohan ngintun poro leluwur ingkang sapun ketimbalan dumateng Alloh swt, nggih meniko :...............................................................

lan sedoyo poro leluhur kito sedoyo ingkang sampun sedo.
mugi mugi amal sahe bp...........sekeluargo lan pajengan sedoyo pikantuk ridhonipun saking Alloh swt. Allohumma amin.
4.Bp..........sekeluargo ngaturakenagungin panuwun tampo umpami mbok mbilih anggenipun nampi, sobo sito, lan caosan unjukan soho lintu lintunipun kirang trep dumateng pajengan sedoyo.sepindah malih Bp.........sekeluargo ngaturaken agunging pangapunten ingkang tampo umpami.

Saklajengipun cekap semanten lan mekaten anggenipun kulo matur, mbok mbilih  wntn klenta klentu atur. tanggaipun boso, kulo nyuwun anggungin pagapunten ingkang tampo upami. mtrn nwn, lan kito akhiri.

wabilllahi taufik walidayah wassalamua'laikum wr.wb.

Pimpinan yasin tahlil lan doa kasuwun BP......................, wedal soho panggenan kulo aturaken, nwn.

0 komentar: